Daftar Blog Saya

ngenes

ngenes
pingin lagu2 klik gambar ku disini

Minggu, 11 April 2010

tambah mumet sirahe

petani di jatikapur sirahe tambah mumet amergo regane pupuk mundak
lha piye pari sing arep dipanen malah keterak banjir. sak iki regane pupuk wis mundak pada hal biaya produksi pari kuwi ora sethithik. terus piye jal....?
nek suasana kayak ngene terus suwe suwe regane 9 bahan pokok gak bakal terjangkau tamat riwayate para petani nang ndesaku
tambah suwe uripe petani jatikapur menyedihkan.
khanti cara piye ben regane pupuk iso terjakau?
sak jan ne akar masalahe regane pupuk tambah larang ki apa to? terus regane hasil pertanian kok murah? nek dihitung-hitung blas gak imbang. nek diterus-terusne para petani bakal bangkrut njur anak anak kurang gizi nek wìs ngono pemerintah baru bertindak
''dari hal kecil bila tidak ditangan maka akan menjadi masalah yang besar''

Kamis, 01 April 2010

lha lak tenan to

wis...wis... pancene nasibe wong jatikapur
pari arep panen eee malah keterak banjir
dek wingi tgl 20 maret 2010 tangkise kali kolokoso jebol meneh lha tanduran pari arep dipanen bar keterak banyu. lha nek ngene iki sopo sing salah?
lek tumiran mbah rebo kang parno wah tangisan cino tenan ki, pupuk e utang2an trus opo sing digae nyaur, mongko cuma kwi sing dijagagne. gae nyaur utang lan mangan sak mben dinane.
opo meneh iki wulan wayah mbayar, 1 pajak 2 anak sekolah, wah nek dipikir, mbah rebo lan konco2ne sing nang jatikapur jan apes....pes...pes...
pancen dadi petani ki akeh rekosone timbang penek e, lha nek keterak banjir ngene iki opo ora podo ngemut driji koro ngocek i sirah.
tak titenane dinas pajak diluk neh lak ndang narik, mubeng karo nggowo surat penagihan.
nek sawahe ae kebanjiran trus ora panen, opo mbayar pajak e arep di adol ne untu karo rengketan ( rambut wanita yang brodol )
arep nandur pari ae oleh ngoyo sampek duk mbon2an mbareng arep panen malah diunduh banjir
wis... mboh..
nek enek kahanan koyo sing dialami petani jatikapur lan kiwo tengene
opo yo sing bakal ditindak ake PEMKAB KEDIRI opo yo mentolo yen ndelok kawulane koyo ngono kwi
tapi diluk meneh lak onok pilbup yo... mesthi poro calon bupati lha podo moro, trus janji2 '' suk nek aku sing dadi bupati masyarakat jatikapur gak usah kwatir''
opo maneh anggota dewan mboh nangdi sak iki?
nek enek masalah sing abot kanggone wong tani poro pemimpin ethok2 ora reti, nek wayah njaluk tanda tangane masarakat ae podo dhumuk2
cobo nek ngene iki ono sing dhumuk2 gak? paling yo podo angkler
wis yo mbah bo lan konco2mu kuuuwabiieeh sing sabar... ojo podo ngresulo
'' sepiro gedene sengsoro yen tinompo amung dadi cobo''
mugo2 kandeko sak mono ae

''banjir.,.....banjir.....banjir.... kali kolokoso tangkise jeboool...''