-
jatikapur
Daftar Blog Saya
Laman
Minggu, 22 Agustus 2010
nek kasil
Sabtu, 21 Agustus 2010
prikitiuuu
walah ngguyuku koyok kang kemìs petruk pak e sum klowor
sampek motoku pedes olehku moco eee... malah blas ora enek sing nyenthel...ha...ha...ha....
bareng tak baleni meneh pantes aku gak mudheng blas lha piye wong sing tak woco bab duwit...wowww alah
lha karepku ben koyok pegawai kae nek pendak isuk moco koran
jelalah mur katijo lewat aku di geplang karo sepet '' ngarit po ra'' kaget aku cepet aku budal ngarit, jiiaaangkrik slepiku kari. amoh iki gak iso udut.
jan mbuh ( logate bagiyo ) sekesok apes terus, lha piye tangi turus cethul langsung sarapan nimpali klethong sapi
nek wis ngene iki jan sedih tenan
lho ngene iki kok arep rabi loro....ha....ha....ha....
wah iki pas ws mbok olehe nggodog telo ws mateng gae wedang bubuk dikik trus mangan telo karo rokok an ki mbakone jan sip tenan + cengkeh
ngene iki mbayang ne anak e lek tukiran ompong jan bocah kok uuuu..ayu koyok sherina ae, sopo suk sing duwe
ws...ws...bubar2
Sabtu, 14 Agustus 2010
ikhlas....?
nek krungu baso ikhlas utawa ridho aku jur mikir, yen tumindak amal kang becik apa kudu omong '' ikhlas '' kang mongko amal becik mau urusane wong mau lan gusti ALLOH kang mangerteni, malaikat wae bingung olehe nyatet ''ikhlas apa ora ''
sak jan ne kudu piye kita kudu tumindak yen nglakoni amal kang becik ben dicatet karo ALLOH.
1. yo ora usah ngomong ''ikhlas aku menehi panganan iki''
2. yen amalmu mbok omongne karo wong liyo ben wong mau ngerti, amal kang dicatet karo ALLOH suwe suwe dadi awu ibarat koyo geni ngobong kayu bakar
3. yen wong sing mbok wenehi takon '' iklas gak ki '' yo jawaben ae '' wislah gelem gak''
yen wis ngono njur ora usah dipikir meneh ben ALLOH ae sing ngoleh ngolehi amal mau
pitutur iki mung kanggo awakku dewe
mugo mugo ALLOH enggal maringi pangapuro lan hidayah marang aku
amiiiinn.....

Langganan:
Postingan (Atom)