pari basane wìs tibo ketiban ondo, kiro-kiro kok pas karo nasibe wong tani ing jatikapur.
sebab dek wingenane arap panen pari kedikikan dipanen banjir. sak wis se ngono nandur maneh eee.... lagi wae urip tandurane malah diserang karo kol ( keong emas ) akeh sing entek ludes.
sak ben dino konco tani ing jatikapur kudu jupuk i kewan kuwi yen pingin tandurane urip. sak ben wong siji olehe sak karung bekas adah pupuk. kari ngetung ae yen sedinone wong selawe udo korone. suwine sepuluh dino. etungen dewe yo.
wah jan tepak tenan nasibe petani jatikapur. sampek blas ora mudeng karo program calon bupatine. sebab ngurusi kol ben tandurane iso slamet jur iso panen.
hiruk pikuk e kampanye calon bupati lan wakile blas ora direken
mbah rebo, lek paing, kang kemis lan konco-koncone dinane iki lagi mendem kol.
jan mesak ne tenan, trus tindakane sing duwe wewenang nang pertanian opo??? mosok yo gk reti opo rakyate kudu bengok-bengok nang ngarepane kantor pemkab kediri???
mosok wong kudu sabar terus?
mbok mbah nasibmu mumet aku yen ngrasakne kahanan ngono kwi. ono gak yo konco sing duwe solusi kanggo ngadepi kahanan ngono kwi? tulong dibantu yo
'' jer basuki mowo beo''
tapi nek bola bali njur piye?
-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar