sik tak crito liyo yoo....
waah dinane iki konco tani nembe panen jagung. akeh sing seneng, ora sethithik wong sing '' seneb'' jalaran regane jagung mung 1950 repes perkilo ne.
lha py oleh gak ''seneb ''? lha biaya e produksi ae ws sak cengel, regane pupuk ae sundul mbon-mbonan. kadang pupuk e ilang teko pasaran. ngono kuwi karepe py? jan susah tenan dadi petani. jan-jane regane pupuk ki piro to? opo pabrik e wis arep tutup? nek arep nandur ae wis ngetok ne biaya sing uuakeh. bareng panen regane jagung utawane pari mak clekethis 1500 repes. yo piye wong pemkab ae ora perduli kok. mboh nang ndi wong deperindag kuwi. arep adol nang k.u.d? kud ne ae wis digae omah lowo. opo arp nang bulog? iki tansoyo ruwet urusane, sing kurang iki kurang kuwi, wis mboh.
kepekso yo didol nang tengkulak.
urusan banyu
gae ngelep tanduran jagung ae kudu duwe pompa air, sakben ngelep ragate 50 ewu, mongko paling sithik sebulan ping 3. sak tua ne jagung yo itunge dewe.
tp nek di etung2 wong tani li bayarane 4500 per hari. suwene suwe apa gk adol bojo? hee...hee...hee.... pamkab kususe deperindak baca blog iki.
mugo2 konco tani iso sabar.
jare si mbah 'wong sabar kuwi di sayang ALLAH'
lak iyo to pakde? sing penting ojo mogok kerja.
leerreeeessss.....
-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar