jamane aku cilik ono adat sing saiki ilang.
adat te nek enek kluargo arep duwe gawe mantu utowo sunatan, mesthi ngenekne genduri nangkuburan.
ngendikane mbah2 mbiyen ngirim leluhur sing wis ninggal ben dijalukne keslametan marang kang KUASA.
trus meneh nek arp panen pari. ono rituale
mbah SINGODIKROMO karo mbah SEKAR sing biasane bagian rituale
sak urunge pari dipanen, sore asar lungo nang sawah karo nggowo blarak ( daun kelapa ) jur di ncepne nang sawah sing parine arep dipanen. trus sakben pojok ane di ncepi bumbung sing diisi lengo wangi trus disumpet karo kapuk. karo brambang lobok ring disunduk i
trus isuke bali meneh karo ubo rampene gae slametan. isine ono tumpeng lawuhe kuluban ingkung pitik, emping, karuk, takir isine kembang endok pitik ndas cakar swiwi miri karo duwit. merang menyan.
lha rituale ngene. 1 mbah SINGO mau jur ngobong merang karo menyan. trus komat-kamit mboh opo sing diwaca.
2. trus ngapek pari kiro2 sak tekem sing dikatut ne godonge. jur diklabang kayak rambut. nah iki sing diarani methil
3 lagi keduren
lha pari sing diklabang godonge mau jenenge mantenan. lha mantenan kwi nek teko omah trus dicenthene cagak karo kupat.
wis parine lagek dipanen.
adat besih deso
biasae dienekne nang sasi SELO dinane jum'at legi ( nek gak kliru) para penduduke diajak genduri nang kuburan, tru pendak jum'ate ngenekne pesta rakyat sakben dusun ono reog wayang thimplong ( mbesok tak critakne)pagelaran wayang kulit sedino sewengi manggon nang balaì desa lan liyo liyane.
trus jum'at meneh yo wayang kulit sedino sewengi sing manggon nang ndaleme pak lurah
lha adat kwi sing saiki ws ilang.
mugo2 pemerintah desa JATI iso mbalekne adat mau. utamane bersih deso. sopo ngerti iso gawe pariwìsata tahunan.
lhak nggih ngoten to pak lurah. mbah modin pak wo pak carik. wis pokoke kabehlah prangkat desa sak masyarakate
salam kagem sederek ing jati kapur
-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar