Daftar Blog Saya

ngenes

ngenes
pingin lagu2 klik gambar ku disini

Sabtu, 21 Agustus 2010

prikitiuuu

timbangane meneng luwih apik nek uthak uthek koran bekas iki, menowo nek nemu ilmu ha...ha...ha...
walah ngguyuku koyok kang kemìs petruk pak e sum klowor
sampek motoku pedes olehku moco eee... malah blas ora enek sing nyenthel...ha...ha...ha....
bareng tak baleni meneh pantes aku gak mudheng blas lha piye wong sing tak woco bab duwit...wowww alah
lha karepku ben koyok pegawai kae nek pendak isuk moco koran
jelalah mur katijo lewat aku di geplang karo sepet '' ngarit po ra'' kaget aku cepet aku budal ngarit, jiiaaangkrik slepiku kari. amoh iki gak iso udut.
jan mbuh ( logate bagiyo ) sekesok apes terus, lha piye tangi turus cethul langsung sarapan nimpali klethong sapi
nek wis ngene iki jan sedih tenan
lho ngene iki kok arep rabi loro....ha....ha....ha....
wah iki pas ws mbok olehe nggodog telo ws mateng gae wedang bubuk dikik trus mangan telo karo rokok an ki mbakone jan sip tenan + cengkeh
ngene iki mbayang ne anak e lek tukiran ompong jan bocah kok uuuu..ayu koyok sherina ae, sopo suk sing duwe
ws...ws...bubar2

Sabtu, 14 Agustus 2010

ikhlas....?

nek krungu baso ikhlas utawa ridho aku jur mikir, yen tumindak amal kang becik apa kudu omong '' ikhlas '' kang mongko amal becik mau urusane wong mau lan gusti ALLOH kang mangerteni, malaikat wae bingung olehe nyatet ''ikhlas apa ora ''
sak jan ne kudu piye kita kudu tumindak yen nglakoni amal kang becik ben dicatet karo ALLOH.
1. yo ora usah ngomong ''ikhlas aku menehi panganan iki''
2. yen amalmu mbok omongne karo wong liyo ben wong mau ngerti, amal kang dicatet karo ALLOH suwe suwe dadi awu ibarat koyo geni ngobong kayu bakar
3. yen wong sing mbok wenehi takon '' iklas gak ki '' yo jawaben ae '' wislah gelem gak''
yen wis ngono njur ora usah dipikir meneh ben ALLOH ae sing ngoleh ngolehi amal mau

pitutur iki mung kanggo awakku dewe

mugo mugo ALLOH enggal maringi pangapuro lan hidayah marang aku

amiiiinn.....

Sabtu, 31 Juli 2010

daun sirih

godong suruh ternyata akeh gunane, nek mbahku mung gae nginang, tak pikir2 kenek opo mbahku kok arang lara, eee mergo mbahku sering mangan godong suruh.
gunane godong suruh
1. nek klilipan rimbangen gae godong suruh.
carane
jupuk 3 lembar godong suruh, 1 gelas banyu panas.
3 lembar godong suruh mau direndem nang banyu panas di enteni sampek adem, trus banyu mau di sok nang piring utowo wadah liyo, mripat sing klilipen mau diclupne karo kedep2. ugo keno gae ngresik i mripat.
2. gae tombo mimisan
carane
jupuk 1 lembar godong suruh seger trus dilinting njur disumpelne nang salah 1 bolongan irung
3 tombo amandel
carane
jupuk 3 lembar diumbah sing resik njur dipangan sedini pisan dilakoni sak ben dino sampek waras amandele biasane mung seminggu, nek ora gelem manggan yo keno digodog njur banyune diombe.
4 tombo strok
carane
jupuk 3 lembar godong suruh trus diremet remet njur dibalurne nang awak sing lara ( lumpuh) isuk karo arep turu.
kanggo mulihne saraf otak sak ben dino ngombe banyu godogkan godong suruh
5 gae cewok (kusus cewek)
carane
jupuk 3 lembar trus dikum nang banyu anget enteni kiro2 5 menit njur gae cewok sak marine pipis
a. ben gak mambu
b. ben gak gampang kenek keputihan
c. ben disayang bojo gae sing ws duwe bojo
d. gae cewok wong lanang yo tambah apik
kabeh mau amung usaha sing penting nenuwun marang ALLOH swt

mugo mugo ono gunane
aamiiinn...

Minggu, 30 Mei 2010

keladi tikus

tumbuhan yg sejenis dg talas tingginya 25-30cm, daunnya lebar berbentuk hati, berumbi putih kecil, batang basah yg tumbuh langsung dari umbinya, bunga kecil panjang berwarna putih mirip buntut tikus
keladi tikus termasuk tumbuhan semak dan menyukai tempat yg lembab tidak terkena sinar matahari langsung
kasiat dan kegunaan
1 untuk mengobati kanker payudara

a. ambil seluruh bagian keladi tikus. cuci sampai bersih, lalu haluskan. kemudian rendam di air matang sebanyak 1/6 gelas selama 30 mnt, tambahkan madu. aduk sampai rata dan saring. minum 3x sebelum makan. lakukan secara rutin

b. ambil 3 btg keladi tikus cuci sampai bersih, lalu tumbuk sampai halus, peras dan ambil airnya tambahkan madu aduk sampai rata langsung diminum 1x sehari. ramuan ini jg bisa mengobati kanker paru2, usus besar, rectum, liver, prostate, ginjal, leher rahim. bg penderita gangguan lambung dianjurkan setelah makan
2. untuk mengobati koreng
ambil 1 umbi keladi tikus segar, cuci bersih, lalu tumbuk sampai halus, balurkan ramuan ini pada kulit yg korengan

CATATAN

wanita hamil tidak dibenarkan meminum ramuan ini.

keladi tikus mengandung antikanker dan berkhasiat anti virus. efek farmologi inilah yg menjadi obat utama untuk mengatasi kanker stadium lanjut.
kata Prof. teo.

www.Topstropicals.com

Rabu, 05 Mei 2010

mendem kol

pari basane wìs tibo ketiban ondo, kiro-kiro kok pas karo nasibe wong tani ing jatikapur.
sebab dek wingenane arap panen pari kedikikan dipanen banjir. sak wis se ngono nandur maneh eee.... lagi wae urip tandurane malah diserang karo kol ( keong emas ) akeh sing entek ludes.
sak ben dino konco tani ing jatikapur kudu jupuk i kewan kuwi yen pingin tandurane urip. sak ben wong siji olehe sak karung bekas adah pupuk. kari ngetung ae yen sedinone wong selawe udo korone. suwine sepuluh dino. etungen dewe yo.
wah jan tepak tenan nasibe petani jatikapur. sampek blas ora mudeng karo program calon bupatine. sebab ngurusi kol ben tandurane iso slamet jur iso panen.
hiruk pikuk e kampanye calon bupati lan wakile blas ora direken
mbah rebo, lek paing, kang kemis lan konco-koncone dinane iki lagi mendem kol.
jan mesak ne tenan, trus tindakane sing duwe wewenang nang pertanian opo??? mosok yo gk reti opo rakyate kudu bengok-bengok nang ngarepane kantor pemkab kediri???
mosok wong kudu sabar terus?
mbok mbah nasibmu mumet aku yen ngrasakne kahanan ngono kwi. ono gak yo konco sing duwe solusi kanggo ngadepi kahanan ngono kwi? tulong dibantu yo

'' jer basuki mowo beo''
tapi nek bola bali njur piye?

Minggu, 11 April 2010

tambah mumet sirahe

petani di jatikapur sirahe tambah mumet amergo regane pupuk mundak
lha piye pari sing arep dipanen malah keterak banjir. sak iki regane pupuk wis mundak pada hal biaya produksi pari kuwi ora sethithik. terus piye jal....?
nek suasana kayak ngene terus suwe suwe regane 9 bahan pokok gak bakal terjangkau tamat riwayate para petani nang ndesaku
tambah suwe uripe petani jatikapur menyedihkan.
khanti cara piye ben regane pupuk iso terjakau?
sak jan ne akar masalahe regane pupuk tambah larang ki apa to? terus regane hasil pertanian kok murah? nek dihitung-hitung blas gak imbang. nek diterus-terusne para petani bakal bangkrut njur anak anak kurang gizi nek wìs ngono pemerintah baru bertindak
''dari hal kecil bila tidak ditangan maka akan menjadi masalah yang besar''

Kamis, 01 April 2010

lha lak tenan to

wis...wis... pancene nasibe wong jatikapur
pari arep panen eee malah keterak banjir
dek wingi tgl 20 maret 2010 tangkise kali kolokoso jebol meneh lha tanduran pari arep dipanen bar keterak banyu. lha nek ngene iki sopo sing salah?
lek tumiran mbah rebo kang parno wah tangisan cino tenan ki, pupuk e utang2an trus opo sing digae nyaur, mongko cuma kwi sing dijagagne. gae nyaur utang lan mangan sak mben dinane.
opo meneh iki wulan wayah mbayar, 1 pajak 2 anak sekolah, wah nek dipikir, mbah rebo lan konco2ne sing nang jatikapur jan apes....pes...pes...
pancen dadi petani ki akeh rekosone timbang penek e, lha nek keterak banjir ngene iki opo ora podo ngemut driji koro ngocek i sirah.
tak titenane dinas pajak diluk neh lak ndang narik, mubeng karo nggowo surat penagihan.
nek sawahe ae kebanjiran trus ora panen, opo mbayar pajak e arep di adol ne untu karo rengketan ( rambut wanita yang brodol )
arep nandur pari ae oleh ngoyo sampek duk mbon2an mbareng arep panen malah diunduh banjir
wis... mboh..
nek enek kahanan koyo sing dialami petani jatikapur lan kiwo tengene
opo yo sing bakal ditindak ake PEMKAB KEDIRI opo yo mentolo yen ndelok kawulane koyo ngono kwi
tapi diluk meneh lak onok pilbup yo... mesthi poro calon bupati lha podo moro, trus janji2 '' suk nek aku sing dadi bupati masyarakat jatikapur gak usah kwatir''
opo maneh anggota dewan mboh nangdi sak iki?
nek enek masalah sing abot kanggone wong tani poro pemimpin ethok2 ora reti, nek wayah njaluk tanda tangane masarakat ae podo dhumuk2
cobo nek ngene iki ono sing dhumuk2 gak? paling yo podo angkler
wis yo mbah bo lan konco2mu kuuuwabiieeh sing sabar... ojo podo ngresulo
'' sepiro gedene sengsoro yen tinompo amung dadi cobo''
mugo2 kandeko sak mono ae

''banjir.,.....banjir.....banjir.... kali kolokoso tangkise jeboool...''

Minggu, 14 Maret 2010

khayalanku

jati tarokan kediri salah satu desa yang 99% pendudunya petani
jika musim hujan desaku sering kebanjiran dari beberapa sungai yang berasal dari gunung wilis
jika musim kemarau petani didesa jati kesulitan air, sehingga petani mengambil air dari sumur untuk kebutuhan tanamannya.
nah dari sini aku berpikir bagaimana caranya mengurangi biaya produksi. yang biasanya menggunakan mesin diese.
desa jati bila dimusim kemarau angin sangatlah kencang dengan kecepatan rata-rata 30 km/h.
adakah yang bisa membantu saya untuk membuat sebuah kicir angin guna menggantikan diesel yang selama ini digunakan untuk memompa air.
bagi yang mempunyai ilmu tentang kincir angin bagidong ilmunya
bagaimana desain, perhitungan, bahan serta biayanya
akupun berpikir bagaimana memanfaatkan energi angin yang besar itu.
adakah ilmuwan yang peduli pada nasib petani didesaku?
semoga semua itu bukan impian petani di siang bolong.
karena petani di desa jati sering tidak bisa bernapas dengan biaya yang begitu tinggi, apalagi bbm yang mahal begini